Saturday, November 15, 2008

Suguhan....monggoo dikedapi...


Silahkan mengkhayal....cluguken...mbayangkan aja ya teman-teman....nek semua panganan yang teman2 bicarakan lak ndak entek-entek....Sayang satene belum disuguhke.....Nah, coba teman-teman ada memory apa dengan mie ongklok dan tempe kemul? ...sok ceritakan, ada yang keloloden tusuk sate kah ? atau keseleg glepung tempe saking atose?..

20 comments:

ugy sugiarto said...

Sing jelas nek nyong sbg wong Wonosobo asli mestine wae sangat2 demen sama mie ongklok bahkan saking kemaruke nyong pernah habis 5 mangkok! Yo cocoke kr sate ning nyong luwih seneng nek kr lekuk anget(panganan lezat seko pati), sing paling ma'nyus menurutku sing nang Longkrang. Tapi bojoku sing wong Temanggung lan sedulur2 bojoku serta konco2 daerah wetan sebagian besar podho ra doyan (mbuh nek Lilik sing wong Parakan?), malah bojoku ndisik pas pertama nyoba lebare malah wetenge langsung mual2, haning anak2ku sing kelahiran Wnsb yo dho doyan tur yo seneng.

Anonymous said...

Wah Gy, bojoku daeng Mangkassara malah cocok banget karo mie ongklok, opo meneh dengan sate-ne. Favorit kami yang di lor sapen, mbuh opo isih opo ora? Yen geblek (iki sing dimaksud lekuk?) lha yen kuwe ora asing, wong pernah dadi asisten bakul geblek, nunggu dodolan, kadang juga ikut-ikutan mlintir mesti salah tapi ora didukani, melu ngadang bakul pati langganan wong Kleyang, pernah melu mbalek malah njebluk ( what a nice memory!). Mungkin masih ada yang ingat geblek sohor ning wonosobo jaman tahun 80-an, kulon SD 1, geblek Bu Sop! Salam kuliner wonosobo.

Unknown said...

Wah yen mie ongklok memang tak terlupakan, seko SMP trekan saiki isih tetap menggemari, dulu setiap Sabtu habis pramuka, mesti makn mie ongklok di Sumberan (lore kos2an wati, tepatnya ngarepe tokone ibue Lutfi, karo Wiwien, Dewi, Titin, Titik, nah SMA pindah neng Sapen..... iki isih ono, tambah terkenal, soale sing seko luar kota yen golek mie ongklok neng kono, yen bojoku yo luwih seneng sing neng longkrang (bu Umi), malah yen mulih dekne luwih semangat lehe golek mie ongklok,..... yen aku luwih seneng karo tempe kemul..... (satu juga)....nah Dewi Handayani sering gawe mie ongklok (tepatnya pembantune), ning tekan saiki mung pamer thok gak tau ngeteri

Andreas Maryoto said...

Aku mung bisa ngeces nganti ndlewer2 weruh gambar kuwi. Lha piya maning, paling mung nonton wae... Kalau toh dipeksa gawe neng kene, tempe neng Medan ora enak (kapangnya beda mungkin yo..terus kuwi lho delene mungkin ora diinjak-injak koyo neng Jowo). Jare koncoku, tempe neng Jowo enak mergo neng sikil-e sing gawe tempe ana faktor X. Meski jorok jarene kuwi sing gawe enak....he..he..he...

ugy sugiarto said...

Nek bojone Watik wong Makasar seneng yo pantes mergone sa'ngertiku neng wilayah Indonesia tengah/timur ono sing kuahe meh podho karo mie ongklok ning mbuh rasane, koyone yo enak. Nek ora salah jenenge papeda. Mar nek dhelene podho2 seko negeri Paman Sam si?

gudangtembakau said...

Menurut survey lokal Parakan, rata2 yo padha doyan. Nek aku langganane Tosari cepak bangjo. Info terahir, miongklok anyaran ning jl A Yani. Memang luwih enak satene wong luwih gedhe2, tp mie ora patiyo, masalahe miene ngganggo merk larang. Istimewane Miongklok adl mienya harus merk murahan + bentuknya gepeng spt cap kelinci. Makannya bareng sate sapi sing legi anyleng + bumbune, bareng tempe kemul sing proporsi glepunge ora imbang, maksude kemule luwih amba dibanding tempene, gebleke sing alot pol. Tp aja coba2 nggoreng geblek dewe( mungkin Watik durung praktek). Aku + rombongan PRTku mlayu ke Dokter Kulit. Serangane begitu mendadak, njebluk ra karuan. Wis tuku mateng wae, bener2 ra kurup karo resikone.

Andreas Maryoto said...

kuwi nek konangan wartawan dadi berita apik lik..jan apik tenan. kalang kabut gara2 gebleg, kiro2 judulnya demikian. oh ya Gy, saiki 80 persen dele saka AS. tapi jare koncoku isih ana tempe yang pakai dele lokal di kebumen dan sekitarnya. rasane bedo...

Anonymous said...

Lik malah asik ora ono bangjo. Di Perth juga dibikin sesedikit mungkin bangjo, makanya banyak sekali round about. weh pokoke, perlu membiasakan diri dg traffic gaya round about, sabar tunggu sampai semua kendaraan dari arah kanan free baru masuk. Maryoto memang darahe wartawan mbangeti, opo2 dilihat dari sudut berita, aku sampai cekikikan membayangkan judul berita Lilik kejeblugan gebleg LOL. Ugy, pepeda dari Papua. Di Makassar juga ada yang sejenis, namanya kapurung (sagu dicampur ikan dicampur sayur dicampur sambel kacang), jan pertama kali makan koyo wong pertama kali makan mie ongklok, mulur koyo opo yo? yaaak...tapi setelah dirasa ketagihan!

nernantha said...

test only (nade ernantha)

gudangtembakau said...

Setahuku, dele lokal masih ada. Purwodadi, Wonosari, Kebumen, Ngawi, Galunggung. Yg top dr Wonosari, harganya di atas USA. Dele Kebumen jelek, harganya di bawah USA. Biasanya dele lokal untuk tahu. Kalau buat tempe rugi, kecuali dikonsumsi sendiri. Rasa lebih enak dibanding USA. Maryoto, apakah dele USA yg beredar di sini adl produk transgenik. Bahaya ngga tuh? Beda pembuatan tahu dan tempe adl bila tahu semua bisa dibantu mesin, namun tempe diolah dg konvensional yaitu diidak-idak dg sikil. Buat cewek bagus tuh, produksi tempe sendiri, kaki spt pijat refleksi, dan kulit kaki mulus krn kandungan bahan di dele.

Aris Eddyanto said...

Lik-lik, suwe2 tak pikir de'e iku specialise opo sih? Dokter, bakul mbako, dodol lukisan opo bakul tempe?

dewi lestari said...

Nek mandengi foto mie ongklok dan uba rampene, nyong mung merasa tersiksa lahir bathin, kenapa nasib memisahkan kita...nyong nang Jakarta, mie ongklok n uba rampene tetep nang Wsb...whoa...whoa..whoa!
Perasaane nyong akan foto iki tak tergambarkan..kemecer PROL (saking pol-e)...wes lah ojo maning2 memuat gambar2 panganan original Wsb...nyong ora kuaaaaat, sajak rindu dendam...cukup semene komentare nyong, mugo2 iki mewakili perasaan hati seng gundah gulana goro2 mie ongklok n uba rampene, soale iki salah satu motivasine nyong untuk rela mudik..hikzz...

gudangtembakau said...

Lha iki untunge urip ning ndeso. Gosip apa wae cemanthel. Wong ndeso nek nggosip mendetail. Tangga kiwa tengen dr berbagai profesi tersedia. Saka masalah politik, keuangan, kesehatan, hiburan,dll. Mungkin krn pergaulan turut pasar, dadi dicurhati macem2.

Andreas Maryoto said...

Buat Lilik,
Iku dele lokal selalu "dikerjain" oleh pedagang. Harga kedele impor dibikin lebih murah sekitar Rp 100-Rp 200 per kg dibanding kedele lokal (seolah-olah kedele lokal mahal) oleh pedagang. Akibatnya para pembeli lari ke kedele impor. Nah, seharusnya kan harga kedele lokal menarik petani kan (karena lebih mahal), kenyataannya tidak karena harga sekarang sudah di bawah ongkos produksi. Akibatnya petani kedele makin langka. Lahan kedele juga makin hilang. Kedele impor masih bisa turun lagi karena di sono-nya disubsidi. Terus pengimpor kedele mendapat banyak fasilitas seperti kredit murah dan grace period-nya panjang. Nah soal transgenik, setahu sy bisa dipastikan kedele itu transgenik. Akan tetapi tenang, toh tiap hari ndak makan tempe terus tho?? Jadi kemungkinan tubuh tidak akan terpapar terus menerus, jadi relatif aman. Yang bahaya, kalau kamu kepikiran soal transgenik, ini yang bisa bikin stress, hingga kamu malah paranoid! Ini urusannya bukan lagi soal kanker tapi urusan jiwa! Lha bahaya juga tho!

gudangtembakau said...

Masalahe meh saben dina dikelilingi tempe. Gimana tdk tergoda, tempe kemul, oseng2 tempe, tempe bacem,tahu cokol, kupat tahu, tahu gimbal, dll. Kamu belum ngrasake, urip di desa, sentra tempe tahu dan sbg Ibu RT mmenu tahu/tempe adl wajib. Oh iya Mar, setelah aku memandangi fotomu lebih seksama, kamu tuh foto kok ngga fokus, maksudnya plirak- plirik.

Andreas Maryoto said...

Soal foto biasa Lik..aku ki gampang grogi. Jadi di foto ndak fokus. Selain itu yo sifat lelaki..plirik sana plirik sini....

ugy sugiarto said...

O yo Wat nyong wis tau ndelok tayangan ttg kapurung kuwi nang TV ketoke Maknyus tenan, ning jarene ono salah satu bahan bumbu sing ra ono nang derah liya. Mar pesenmu wis tak sampekno Dhian, tiwas nyong wis panjang lebar nganti jempolku pegel olehe ngeSMS, eee... malah si Dhian senenge nek ngomong langsung lesan. Dhian jare wis suwe ra tau internetan lan alamat emaile wis nganti lali. Nanging ditunggu wae kabare soko Dhian.

Andreas Maryoto said...

Gy, aku karo Dian wis telpun2an..Wah suarane masih sama...Iyo biyen aku sering email-emailan. Trus ngilang.. Wah aku melu seneng dia sukses jadi wirausaha. Coba wae Gy burger bikinan dia kalau pas lewat Wsb-Jog.

ugy sugiarto said...

Ho'o Mar kapan2 tak mampir, nanging tepate nangdi alamate & nama salah satu outlete sing antara Mgl-Jogja? Dhian nyong usul biso ora nek dikolaborasi kr mie ongklok yuk dadine On'clock Burger..he..he..

indriyani said...

hhuuaaa... liat mie ongklok iki dadi peenggeeennn...
kadang iseng bikin sendiri mie ongklok pas kumpul acara keluarga, tapi tetep kurang pas.. soale sate sapine dadi sate ayam.. kuraang maknyyuuss...

bojoku sing asli betawi yo doyan poll..
nek bali, mesti ngongklok, mbuh nang sapen, tosari, & nangdi waelah.. sing penting ono mie ongkloke...

BTW, ono Yuli ora neng kene..(toko kue Rudi)
kangen karo bagelen buatan mama mu ki..