Monday, November 24, 2008

Ini yang Bikin Gemas

Banyak teman yang menanyakan kabar Ida Haznah. Inyong yo gemes tenan je..lha kok Ida ki mung diam saja (padahal dia cekikikan maca blog karo milis kita..lha rak kurang ajar tenan tho...). Luwih gemes maneh....ngisi komen blog ra mlebu2..tersu kirim e mail ke Inyong..walkah pendek banget. Iki e mail-nya Ida sing pendek itu. Selamat membaca dan selamat gemes..Maryoto
-----------------------------------------------
Baca tentang pengalaman naik pesawat ya geli sekaligus prihatin. Pas geli ada orang tanpa dosa nyebrang. Temen kantorku sampai komentar Ida entek obate alias angot he he...Tentang reuni aku seneng banget. Waktunya memang perlu dipikirkan lagi. Karena jatim ini kalau libur sekolah mesti keri dewe. Anakku sering protes masalah ini. Opo diknase jatim bandel yo, nggak nuruti pusat he he. Yo wislah iki dulu komentarku. Wong lagi nyoba.
Salam Farida Haznah Makruf

8 comments:

nernantha said...

Halo Ida.... Gimana kabar
Masih inget saya ngak...
Dimana sekarang tinggal...
(Nade Ernantha)

Arif Z said...

Ida haz...
yoopo kabare sampeyan?
Betah tah ndek gresik? Terakhir ketemu sampeyan tahun wingi ndek mie ongklog mbak umi, sampeyane nggendong anak sing paling cilik...
he....he.. jare Pak Mare basane dee medhok tenan jawa timure...
Kelingan ndisik dek jaman soro (pas golek gawean) nyong nginep neng ngomahe dee
Kapan neng Jakarta, omahku setiap saat siap yen dee nginep (he.....he..... karo nggowo oleh2 bandeng pak elan yo)

Unknown said...

Kanca2...., terutama Ida has...
sorry tenan ana kesalahan teknis, iki pa mau post comment gak ndelok2, saking semangate, begitu send nyong kaget pisan, lho kok ana fotone wong lanang? tak fdelok2 lho fotone bojoku, lah ternyata sign in nganggo usere bojoku, untung gak ngomong ndisik sak kos + sak kamar karo ida haznah pas jaman kelas 3, yen ngomong iku lak ida hasnah bingung iki sopo? yo wis lah sekalian kenal ini Ariz Z, bojone Lita

Anonymous said...

Wah, Ta, tak pikir AZ dadi anggota kandang, tiwas arep tak selamat datangi, opo meneh bosone 'awakmu' suroboyan rek kekekkek.
Ida, yok opo rek kabare? Ditunggu lho boso ngGresikane :)

dewi lestari said...

Ita wae kaget weruh bojone dewe, la opomeneh nyong....langsung berusaha ngeling2 iki fotone sopo yooo...untung Ita cepet nututi ngenei penjelasan...rapopo Ta, nek dia meh gabung nang kandang palahane, tetep kudu ditagih sawerane, keno ge nambah2i, kan itungane per gundul to, dudu perkeluarga...siiip, ojo sungkan2 yo le nagih...Hai Ida Haznah..piye kabare, wingi pas ketemuan nang Kresna kita kurang hot yo ngobrole, nyong gaya kaku, standard banget pertanyaane..hehe, durung On..nek siki wes lebay On-e la tiap hari mengudara nang kandang, komunitas cah mendreng, tp marakno nyandu je...siip...pekjumpekmu nang reuni..

ugy sugiarto said...

Hallo Ida Haznah... apa kabar? Kamu sdh jd arek Jawa Temuor to? Kita dulu satu kelas. Kalau Ida Sidojoyo dimana ya?

farida said...

Kulonuwun sederek2.... nderek gabung nggih!
Aku baru tau alumni 89 duwe kandang.
Masih inget aku ora Ida dari A3?

Anonymous said...

Halo, iki opo Ida nJaraksari sing mbiyen 1.5? Yen hoo, apakabar, ning endi, anak piro dsb :)? dan met gabung Ida, melu milis yo....kirim foto dan critamu tah. Salam hangat. Watik, 1.5