Wednesday, December 3, 2008

Stiker Jadul....

Jangan pada berkerut!!!! Silakan menikmati stiker jadul sambil mengenang masa lalu. Stiker jadul ini kiriman Yoga. Sori baru ingat!!!!!!!
























25 comments:

ugy sugiarto said...

Yoga, wah... design-ne isih manual banget yo, tapi asyik kok. De'e entuk nangdi Go? Opo de'e yo kolektor sticker jadul? Kelingan nek mbiyen kebanyakan dipasang nang mobil angkutan penumpang (angkot jadul) yo nang dashboard, pintu, kaca2 dll. Opo de'e mbiyen yo nyambi ngangkot?..he..he..

Andreas Maryoto said...

Gy..isih kelingan angkot sadurunge Si Kuning??? Iku sing panjang duduknya hadap2 apan koyo tremos... Entah neng wsb apakah masih ada?? Neng Medan isih ono angkutan kuwi....ada yang lewat cedak kantor. Kapan2 tak potrete kanggo tamba kangen...

lutfi said...

Hebat! isih duwe koleksi sticker2 jadul...iku kan sing ndisik di jembreng neng trotoar emper toko2 cedak pasar? Ketok lhe sering minggat seko kelas ngetem neng pasar...sight seeing ndelok sticker2..bakul obat..poster2 (mesti favoritnya..Brook Shield, Ita Purnamasari dll...nek kaum hawa : Bruce Springfiled).
Masalah bintang2 favorite, nyong njuk kelingan Juki...pas kelas 3, ngefans banget karo..sopo kae atlit terjun Indah USA olimpiade 1988..Greg Loganis opo yo?...karo Naimah gayeng banget ngobrol atlet kae...semangat ditambah karo merem2..he..he..he...mbuh karo mbayangke opo..Kaum Adam A1 ngerti ngono, Alhasil mendadak podho hobi renang mben koyo mr Greg..terutama Tyas...Ha..Haa..Haaaa

Unknown said...

Lucu tenan............. bener kandane Lutfi.... iki Ketoke Yogo lhe ngumpulke yen pas minggat ko sekolah or Dino Senen bar upacara bendera....
Stiker iki ngelingne nyong karo gambar2 neng truk-truk antar kota (maklum ben ndino lewat tol), nyong paling seneng maca tulisan neng body truk, ning saiki karena dilarang nulis aneh2 neng body truk dadi ra seru maneh..........

TOTOK said...

Walah.... kok nduwe koleksine ya..... bagi dong stiker jadule..... Gawene mesti biyen tongkrongan nang kulon plaza to....hehehe

ugy sugiarto said...

Ojo kuwatir Mar angkot sing koyo tremos kuwe isih ono, khususe nggo penumpang jurusan Kertek-Bedakah & Kertek-Klowoh/Kembaran. De'e ngesuk nek bali dolano Kertek yuk tak jeki muter2 numpak kol pikep (sebutane nang Wnsb) ning ojo kaget yo, biasane cok campur wedus barang, dadi ambune yo campur2 yo mambu bensin, kelek, prengus/wedus, pitik dll. Wah.. pokoke nek sing ora biasa biso semaput. Nek mengko ora kumanan jagongan dhewek nggandhul ora popo si? Ita... opo bener nang JKt dilarang nulis aneh2 nang body mobil? Mungkin biso mengganggu konsentrasi supir liyane po? Opo masalah estetika? Tapi nek menurutku malah biso nggo tombo ngantuk & stres spt disaat menghadapi kemacetan.

Andreas Maryoto said...

Totok..iyo bener kuwi kulon plasa..terus kelingan ana tukang sulap sing ngapusi??? pura2 ada yang beli..terus sembuh...padahal kuwi kan UNTUL-E si tukang sulap yo.... Eh apa masih ada yang jual stensilan juga di kulon plasa???

Andreas Maryoto said...

Gy...aku kangen tenan numpak mobil kuwi. Aku wegah numpak mobil iku neng Medan..soale pada kenceng banget....medeni....

gudangtembakau said...

Lutfi, jan kowe top tenan daya ingatane. Aku wae wis lali. Sayang Mas Greg terinfeksi HIV, mergo hombreng. Aku dadi kelingan, lagi asyik crito sing cakep2, malah dikongkon maju nggarap kimia. Kok yo bisa-bisane, Mas Lutfi berkata, jangan Juki Bu, yg lain aja. "Kenapa?"tanya Bu Guru. Karena dia sedang pusing. Nek tak bayangke, jane kowe ana iripe Tora Sudiro.

Unknown said...

Ugy....
Nulis neng body truk ora dilarang, tapi gak oleh sing parno2, padahal biasane sign ana gambare nyeneh iku sign tulisane lucu.....,misale gambar mbak2 dalam posisi gak genah, trus ngisore ditulisi :
- kutunggu jandamu
- the me is three
lumayan nggo hiburan yen pas macet neng tol...

Ugy dee nyebut Bedakah, marahi kelingan mbiyen nyong senenge dolan neng tlaga bedakah, neng nduwure ana kebon teh, ngisore pabrik teh........ pemandangane apik tenan terutama pas sore,
tradisi sorodilogo isih ono ra neng kono (adus tgl 1 Suro neng lereng SIndoro?), nyong sempat mrono ping 3 ketoke....

Unknown said...

Iyo ki konco-konco nyong ke nek ono sesuatu sing berhubungan karo thn 70-80-an ke jan prigeee ngono serasa flashback jaman cilik nang Kertek nganti nyong nang kantor dijuluki "remaja zona 80" wis tau agek nyetel lagu-lagune Koes plus trus bosku ngomong "itu lagu nggak ada yang lebih jadul lagi?" lha nyong ora iso mengikuti trend musik saiki saking akehe grup musik, nyong kan generasi Obby Mesakh, Pance Pondaag paling top Fariz RM, Kla Project. Ugy dee isih nyimpen lagu jaman breakdance : Boogie Down, Zoo look ? dee kan kolektor lagu barat .Ngko jal tak golekno gambar-gambar sing luwih jadul maneh...

Unknown said...

Halo Ita!... nyong ono memory yang tak terlupakan jaman dee manggon nang Kertek. Ing sakwijining dino pas pitulas Agustusan thn 79 opo 80 nang pelataran kantor kecamatan ono pertunjukan emblek, nyong hobi bgt karo emblek opo meneh nek ono barongane, nek ndelok emblek mesti medhe nang ngarep njuk nyong weruh ono bocah wedok agek ndelok emblek juga seko njero kamar liwat jendelo nganggo klambi koyo penari balet raine wedakan nganggo bando ono wulune warna pink ternyata bocah iku mau Ita, walaupun nyong ora kenal akrab nganti seprene, lha secara Ita ke putrane Pak Camat Sukardi BA, tur bedo sekolah nyong SD2 Ita SD1 bareng Ugy, Iwan, Ety dadi yo ora pati kenal...trus nyong berkesan maneh karo mobil VW safari ne Pak Camat, nganti seprene nyong isih seneng mobil-mobil VW... that's unforgetable memory.....meh 30 thn kepungkur....

ugy sugiarto said...

Kanggo Ita, ngomongke tentang Bedakah... wah saiki kita sungguh2 sangat2 prihatin & bikin miris saja, perusakan alam sungguh2 hebatnya dengan dalih ekonomi/masalah perut penambangan galian pasir & batu membabibuta tanpa memikirkan dampak kerusakan & akibat2 ke depannya. Mereka hanya mementingkan diri sendiri & budaya masyarakat pedesaane wae saiki cenderung konsumtifisme. Nek nang lokasi Danau bedakahe si isih rodo lumayan nanging lokasi2 menuju Bedakahe walah pokoke rusak parah alame, ojo maneh kok Surodilogo wah wis ora ono aurane babar blas! Kanggo Yoga, khusus untuk koleksine musik2 breakdancene nyong wis ora ono, dudu mergo ilang ning wis rusak krn biyen bola-bali diputer disilih mrono-mrene nganti sayah... Kanggo Maryoto, ojo kuwatir nek nang kene isih memegang kuat pepatah Jowo "Alon2 Asal Klakon", lha ternyata pepatah kuno isih ono manfangate juga...

Unknown said...

Yoga..............podo, nyong yo ra iso ngikuti lagu saiki......
lagune sih lagu jaman SMP tekan kuliah, maune nyong seneng tuku CD neng Duta swara, nggoleki CD2 sing jaman mbiyen yen tuku kudu nabung sik, .... trus tak pecah2 dadi mp3 dewe, dadi iso mlebu neng HP, saiki nyong kerjane download lagu2 seko youtube..... pokoke lagune sing aneh... (Phil Collins, Aha, Alphapille, Madonna, Richard Marx, Lobo, dll), nganti karo bojonenyong dipasangke speedy, soale yen lewat telkomnet tagihane nganti jebol

Unknown said...

Yogo.....
nyong dadi kelingan ndisik nduwe bando wulu2... pink he....he.... iku usahane ibuku bene anake ketok wedok, soale anake mbeling luwih seneng nggo celono pendek....
crito embleg..... ketoke iku sekitar tahun 78-80 yo? pas 17-an, neng ngarep omah....he....he.... ternyata ana dee yo, iku keweden dadi nontone ngintip soale emblege mangan semprong (tutup teplok), gelas karo cangkir... lhe mangan neng teras maneh....
iku wis 30 tahun yg lalu yo?

Unknown said...

Kanggo Ita : Sing lucu nyong mbiyen jaman sd-sma jan blas ora seneng karo musik jawa:uyon-uyon, langgam, campursari dsb, saiki malah hoby, njuk biyen ora seneng dangdut opo meneh Rhoma Irama malah saiki gaweane dangdutan njuk suwe-suwe seneng lagune Rhoma Irama sing jadul. Ternyata setiap lagune Rhoma ono "pesan" ne mungkin nyong keno pepatah jawa witing tresna jalaran soko ngglibed

Unknown said...

To Yoga.....
isih mending iku lagu Jawa Uyon2, Rhoma Irama, goleke isih gampang....
nyong malah seneng lagu mandarin.....
gara2ne ki keranjingan nonton film silat, nganti mbelani tuku VDCne neng glodok golek CDne
suwe2 ternyata, ternyata lagu2 clip filme khan enak2 padahal golek CDne gak ono (sampe pas dolan karo kanca2 neng Spore, kancaku dho ribut golek klambi, nyong mbelani neng toko CD neng daerah pecinan mung arep tuku CD lagu mandarin, bee ana) dadilah nyong saiki hobine download lagu mandarin neng youtube.....( ning penyanyinye mung 1 sing tak senengi)

TOTOK said...

To Maryoto...
Nek nang medan kan angkot ngeduke penumpang sak geleme....Po maneh angkot nang kantor pos lapangan merdeka.... Makane Mas, sesuk nek bali nang wonosobo arep reuni digatekke pas numpak pesawat... nek pengumuman jenenge pilot wong medan ojo numpak..... mending meduk wae ra sah sido melu.... soale mandege ro le ngedukke penumpang sak gelememe... hahaha

Unknown said...

Kanggo Ita: nyong hobi lagu mandarin wiwit SMA lha kan ono Cik Sri Lestari koleksi lagu mandarin okeh, nyong SMA njilih kaset Mandarin yo karo Cik Sri Lestari mbuh saiki isih hobi po ora?..
Kanggo Nurwinarto: nyong pas nang Medan biyen gumun lho nang kono lampu bangjo ke sak tampah gedene tur di pasang endep bgt jare wong wis gede ngono wae isih akeh sing nyrobot pokoke top lah Medan, nyong seneng karo tauco Medan, Bolu Meranti, Bika Ambon. Kadang nyong sok kangen tauco Medan ndilalah ono nang Electronic city mburi komdak enak bgt...

Anonymous said...

TEST..

Anonymous said...

Waduh, nostalgila '80-an! Memang asyik yo. Tekan saiki lagu2 80-an, misalnya Air supply masih dadi favorit berat(Kenalan karo Air supply dikenalke karo Yanti Suhari yang ngefans berat sama mereka dulu waktu 1.5 :) Yang aku herankan, nggak ada teman Australia-ku satupun yang tahu sama Air Supply, sampai aku jelaskan bahwa salah satu lagu topnya Mariah Carey juga ada yang pernah di-top-ke karo AS, tetep gak ada yang dong, jaaaan kebangetan temenan. Padahal ning Indonesio ngetop berat mereka itu ya, ehh ditanah airnya nggak ada yang tahu. Yo wis lah, nikmati saja lagunya sendirian (CD-nya aku beli di toko pasar ngisor waktu pulang Wsb :)

ugy sugiarto said...

Ita... mbok nyong diwarahi prige carane download lagu lewat youtube?! Nyong pengin lagu2 sing nek saiki golek kaset/CDne angel koyoto AHA, musik2 Breakdance, Rainbow dll.

Unknown said...

Ugy....
buka Youtube, search lagu sing digoleki... trus copy URLnya...
buka vixy.net lewat google, trus URLnya dipaste ke kolom yg ada di vixy.net, pilih mau diconvert ke file apa (mp3, mp4, avi, dll), trus click convert, yen wis rampung download, yen gagal pas convert diulang lagi, soale yen pas rame kadang gang langsung nyangkut....
selamat mencoba

ugy sugiarto said...

Thank you... Ita.

Unknown said...

Kanggo Ita : maturnuwun yoo as your direction ny berhasil donlod lagu2 "grease" John Travolta bar saiki ny agi golek cuplikan film ttg Indonesia jmn Belanda